Rabu, 09 Mei 2012

Kembangarum Teleng Bakpia Salak Pondoh
20 February 2012 20:52 WIB



Kembangarum Teleng Bakpia Salak Pondoh


Sleman, www.jogjatv.tv – Awit prodhuksi salak pondoh ing Dhusun Kembangarum, Desa Donokerto, Kecamatan Turi, Sleman, kapetang kathah, lan sawetawis warganipun samangke saged ngocal  bakpia salak, pramila Dhusun Kembangarum badhe dipun dhapuk minangka telenging produsen bakpia raos salak pondoh. Kangge mujudi bab kasebat, sawetawis warga Kembangarum, ngajengaken bantuwan pawitan dhateng Pemkab Sleman, sarta badhe ngadani  gladhen damel  bakpia salak .
Satunggaling produsen bakpia raos salak pondoh ing Dhusun Kembangarum, Desa Donokerto, Kecamatan Turi, Sleman, Sri Sujarwati mratelakaken, bakpia salak wiwit dipun damel ing dhusunipun, taun 2010 kapengker. Awit bakpia salak dipun remeni konsumen, pramila sawetawis warga Dhusun Kembangarum nggagas badhe ndhapuk dhusunipun minangka teleng produsen bakpia salak. Awit saking punika, sawetawis warga ndhapuk paguyuban, lan  ngajengaken panyuwunan bantuwan pawitan dhateng Pemkab Sleman, sarta tumut gladhen damel  bakpia.
Miturut Sri Sujarwati, kangge ndhapuk Dhusun Kembangarum minangka teleng produsen bakpia raos salak pondoh kawawas boten manggih pepalang. Kejawi bahan baku gampil dipun panggihaken, ing dhusun punika ugi sampun wonten perajin bakpia salak ingkang panyadenipun ugi laris.  Bakpia raos salak damelanipun Sri Sujarwati, dipun remeni konsumen saking sawetawis wewengkon. (Subardi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar